Sabtu, 23 Juni 2012

SIFAT MANUNGSO

wus dadi sipate manungso
salahe wong liyo sithik katon nyata
ananging gedhe kaya ngapa
salahe dhewe ora tau rumangsa

ra tau ngrumangsani kekurangane
ra tau niti awake dhewe
malah nesu yen diduduhke salahe
anggepe dheke sing bener dhewe

Rabu, 20 Juni 2012

Jakarta

Kaya ngene urip ing kutha gedhe
Golek pangan kena kanggo urip dhewe
Syukur-syukur ana sisa dicelengi
Golek dhuwit awak lali diopeni

Apamaneh nganti ninggal anak bojo
Rasa kangen nanging ora bisa mulih
Ing Jakarta nyilih dhuwite kancane
Piye maneh anggone bisa mbalekke

Jakarta kok koyo ngene kejeme
Jakarta ora kenal paseduluran
Jakarta bengi ya dianggo awan
Jakarta golek pangan dha rebutan

Ana ngomah senthong kosong gelondhangan
Turu mlungker selonjor ra ana sing nglarang
Ing Jakarta turune ana emperan
Cokot lemut turune dhesel-dheselan