SOPO NYONO

suwe-suwe remuk atine
rumangsa dirumangsa
rina wengi kelara-lara
katentreman tansaya muspra
ya iki panalangsa ing jagading lara-lapa

yen gelem blaka
ukarane isih dawa
ambela bebener keblinger
tan bisa suwala
polah kalah
sesawangan tansaya peteng

suwe-suwe eling
wiwitane katresnan sejati
ngrembaka ing lemah garing

ing tembe isih ana pangarep-arep
ing tembe isih ana dalan padhang